Cari Blog Ini

Laman

Kamis, 04 Agustus 2011

Urip iki mung mampir ngombe, njur ojo dume

oleh Arielae Lumajang Kangen pada 17 Juli 2011 jam 10:24
Ono paribasan yen urip neng alam ndonya iki mung mampir ngombe, makane ojo podo lali karo akhirate. Tembung kuwi mau pancen bener banget, arep kepiye wae menungso urip kuwi ora sak lawase. Nek wis tekan titi wancine mesti bakalan bali marang sing ngecat lombok (nirokke tembunge mbahku mbiyen)
Lha wektu sing mung sedelo neng alam donya ...kuwi bakalan di isi karo tumindak sing koyo ngopo? Kuwi sing dadi pitakonan gede, yen mung mampir ngombe thok, lha opo ora kembung wetenge arep ngentekke banyu pirang galon..? :D
Wis lumrahe dadi manungso yen ora nduweni roso marem, wis duwe sepuluh pengin rong puluh, wes entuk rong puluh kepingin rong atus. Kabeh kuwi mau wis jama'e manungso, malah mergo ambisi sing gede kuwi manungso biso maju ing panguripane.
Dadi luwih becik urip iki di isi kanthi tumindak sing becik, opo gunane Gusti Allah maringi akal pikiran yen ora di enggo kanthi sak mestine. Urip kuwi ora mung pasrah, ngono ngendikane mbahku mbiyen, dadi luwih becik ora kelakon penjangkane ketimbang karo wong sing durung tau nyoba nanging wis wegah nglakoni.
Dadi yen ono tembung urip neng alam ndonya mung mampir ngombe, ojo terus gur ngombe thok, iseh akeh sing iso ditindakke kanggo ngisi wektu urip iki. Nanging sepisan meneh poro konco, nyambut gawe sing temen nanging ojo lali karo akhirate, mergo wis mesthi awa'e dewe kabeh ing sak mengkone bakalan sowan mrono nyang kuburan....
· · Bagikan · Hapus

Tidak ada komentar:

Posting Komentar